undefined
undefined
Wayah Bungah Malem Jum’ah
Malam jum’at tumrape bocah-bocah deso dadi bengi sing paling nyenengke
ati. Awit ngopo dino iku bocah-bocah deso libur anggone ngaji rampunge barzanji
age-age wae langsung iso dolenan. Wengi iku Aku (Hanif), Edi, Taufik, Laela
lan konco-konco ngaji liyane wes duwe janji sak rampunge sekolah mengko bengi
arep obak sodor (dolanan reguan sing gunakne kotak) lan gomberan (dolanan
nglebokne kreweng sing ora iso nglebokne diukum). “ayo mengko bengi
rampunge barzanji ayo podo yo, enake obak po yo?” ajakku neng
konco-koncoku. “ayo bal-balan wae yo??”, nuture Taufik. “Ojo leh yen bal-balan
iku tumrape cah lanang tok, lha aku lan konco-konco wedok liyane piye?” Jawab
Laela. “yo wes, dolanan obak gomberan lan sodhor wae”. tuture Edi. “setuju”. Jawab konco-konco serempak.
Bengi iku cuacane cerah lan padhang
bulan, lapangan sing biasane dienggo dolanan yo wes diresiki. Konco-konco jam
enem sore menyang maring masjid tumrape sholat jama’ah maghrib. Rampung sholat
maghrib wes dadi adat desoku nganakne barzanji (naskah sing isine
cerito-cerito Nabi Muhammad SAW). Lanang lan wadon, cilik lan gedhe, nom lan
tuwo tumplek blek sholawatan bareng, tumrape bocah wedok sing iseh nom duweni
tugas tambahan gawe ngombenan lan cemilan kanggo jama’ah barzanji. Acara
iki koyo biyasane rumpung jam setengah songo lan dipungkasi kaliyan dongo sing
dipimpin langsung sesepuh deso lan sholat jama’ah isya’.
“Ayo obak”. Ngajakku neng
konco-konco, “Ayoo...”. konco-konco njawab bareng-bareng. Aku lan konco-konco
menyang maring lapangan sing ono neng sampinge masjid. Laela duwe tugas garisi
panggonan sing arep dienggo sodhor, Taufik sing nyiapne kreweng (pecahane
genteng) kanggo gomberan, lan tugasku mbagi klompok sodhor. Saking
akehe santri ning mesjid dadi obake dibagi loro, sodhor lan gomberan.
Konco-konco dolanan kanti bungah, guyonan tur cekakaan iso dirungokne naliko
bengi iku. Saking bungahe dolanan nganti ora iling wektu ngerti-ngerti wes jam
rolas bengi.
Nanging dolanan lan bungah saben
malem jum’at koyo ngono iku saiki wes ora iso diweruhi maneh. Dolanan iku wes
diganti PS sing ngentekno duit tur ngilangi wektu sinau. Budoyo-budoyo
tradisional wes mulai ilang ditilep mongso sing diarani mongso modern. Sak
mestine anak-anak Indonesia iki kudu bangga karo budoyone dewe, malah saiki
kuwalik bangga budoyo liyo lali budoyo dewe, ibarate kacang lali lanjarane.
This entry was posted
on Jumat, Desember 13, 2013
at 1:54 AM
and is filed under
Sastra
. You can follow any responses to this entry through the
comments feed
.