Wayah Bungah Malem Jum’ah  

Posted by Unknown in


Malam jum’at tumrape bocah-bocah deso dadi bengi sing paling nyenengke ati. Awit ngopo dino iku bocah-bocah deso libur anggone ngaji rampunge barzanji age-age wae langsung iso dolenan. Wengi iku Aku (Hanif), Edi, Taufik, Laela lan konco-konco ngaji liyane wes duwe janji sak rampunge sekolah mengko bengi arep obak sodor (dolanan reguan sing gunakne kotak) lan gomberan (dolanan nglebokne kreweng sing ora iso nglebokne diukum). “ayo mengko bengi rampunge barzanji ayo podo yo, enake obak po yo?” ajakku neng konco-koncoku. “ayo bal-balan wae yo??”, nuture Taufik. “Ojo leh yen bal-balan iku tumrape cah lanang tok, lha aku lan konco-konco wedok liyane piye?” Jawab Laela. “yo wes, dolanan obak gomberan lan sodhor wae”. tuture Edi.  “setuju”. Jawab konco-konco serempak.

            Bengi iku cuacane cerah lan padhang bulan, lapangan sing biasane dienggo dolanan yo wes diresiki. Konco-konco jam enem sore menyang maring masjid tumrape sholat jama’ah maghrib. Rampung sholat maghrib wes dadi adat desoku nganakne barzanji (naskah sing isine cerito-cerito Nabi Muhammad SAW). Lanang lan wadon, cilik lan gedhe, nom lan tuwo tumplek blek sholawatan bareng, tumrape bocah wedok sing iseh nom duweni tugas tambahan gawe ngombenan lan cemilan kanggo jama’ah barzanji. Acara iki koyo biyasane rumpung jam setengah songo lan dipungkasi kaliyan dongo sing dipimpin langsung sesepuh deso lan sholat jama’ah isya’.
            “Ayo obak”. Ngajakku neng konco-konco, “Ayoo...”. konco-konco njawab bareng-bareng. Aku lan konco-konco menyang maring lapangan sing ono neng sampinge masjid. Laela duwe tugas garisi panggonan sing arep dienggo sodhor, Taufik sing nyiapne kreweng (pecahane genteng) kanggo gomberan, lan tugasku mbagi klompok sodhor. Saking akehe santri ning mesjid dadi obake dibagi loro, sodhor lan gomberan. Konco-konco dolanan kanti bungah, guyonan tur cekakaan iso dirungokne naliko bengi iku. Saking bungahe dolanan nganti ora iling wektu ngerti-ngerti wes jam rolas bengi.
            Nanging dolanan lan bungah saben malem jum’at koyo ngono iku saiki wes ora iso diweruhi maneh. Dolanan iku wes diganti PS sing ngentekno duit tur ngilangi wektu sinau. Budoyo-budoyo tradisional wes mulai ilang ditilep mongso sing diarani mongso modern. Sak mestine anak-anak Indonesia iki kudu bangga karo budoyone dewe, malah saiki kuwalik bangga budoyo liyo lali budoyo dewe, ibarate kacang lali lanjarane.



This entry was posted on Jumat, Desember 13, 2013 at 1:54 AM and is filed under . You can follow any responses to this entry through the comments feed .

0 comments

Posting Komentar